Minggu, 25 Desember 2016

contoh sesorah bahasa jawa peringatan hari pendidikan nasional

Hai,, kali ini saya akan membagikan contoh sesorah bahasa jawa tentang peringatan hari pendidikan nasional. Sebelumnya saya minta maaf ya kalau masih banyak kesalahan, 


Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, saha para kanca ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan ngarturaken syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT. ingkang sampun kepareng paring rahmat lan hidayahipun, saengga kula lan panjenengan saged kepanggih wonten ing adicara menika kanthi kawontenan ingkang sae.

Bapak/Ibu guru saha para kanca ingkang bagya mulya. Menawi kula lan panjenengan ngrembag babagan pendidikan nasional, kula lan panjengan boten saged uwal saking panjenenganipun Ki Hajar Dewantara  ingkang wiyos ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei. Tanggal menika dipunpengeti dados dinten pendidikan nasional, amargi lelabetipun Ki Hajar Dewantara ing babagan pendidikan menika kathah lan ageng sanget. Panjenenganipun ngadhegaken pawiyatan "Taman Siswa" kanthi sesanti, "Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, lan Tut Wuri Handayani". Kados pundi, Ing Ngarsa Sung Tuladha inggih menika, menawi kula lan panjengan dados pemimpin kula lan panjenengan kedah saged dados tuladha kangge para anggota. Ugi Ing Madya Mangun Karsa inggih menika, menawi kula lan panjengan dados pemimpin kula lan panjenengan kedah saged maringi semangat kangge para anggota. Lan Tut Wuri Handayani inggih menika, menawi kula lan panjenengan dados pemimpin kula lan panjenengan saged maringi dorongan kangge para anggota supados saged anggayuh menapa ingkang dados kekarepanipun sesareng.

Bapak/Ibu guru saha para kanca sedaya, ngantos dumugi samenika lelabetanipun Ki Hajar Dewantara taksih dipunraosaken dening masyarakat Indonesia. Mugi-mugi wontenipun adicara menika saged damel kula lan panjengan sadar supados nglajengaken  perjuanganipun Ki Hajar Dewantara ing babagan pendidikan.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.
Wasalammu'alaikum wr.wb

Yups, itu tadi contoh sesorah tentang peringatan hari pendidikan nasional, semoga bermanfaat.
thanks..^^